Minggu, 01 April 2012

Cerita Wayang Gatutkaca

Cerita Wayang Gatutkaca




Gatutkaca menika kesatriya saking Pringgandani. Putra Werkudara kalian Dewi Arimbi. Name sanesipun Gatutkaca yaiku Bambang Tutuka, Kacanegara, Senoputra, Bimasuto, Arimbi Atmojo, Kerincing Wesi. Gatutkaca nggadhahi sedherek tunggil rama, inggih menika Antareja kalian Antasena. Piyambakipun setunggaling kesatria ingkang sakti mandra guna. , saget  mabur tanpi sewiwi kalian tilem ing awang-awang. Garwanipun asmane Dewi Pregiwa, putri saking Raden Arjuna. Gatutkaca nggadhahi putra Sasi Kirana.
Gatutkaca kesatria ingkang prigel perang hanggadhahi aji Narantalaka peparing gurunipun Resi Seta. Sanesipun menika piyambakipun hanggadahi kotang Antrakusuma ingkang saget piyambakipun mabur trengginas. Caping Basunada nggadhahi kasekten mboten kenging panas kalian jawah , terumpah Padakacerma. Khasiatipun badhe kalis saking kualat sinausa nglangkungi panggenan ingkang wingit. Nalika lahir puseripun mboten saget dipun potong kalian gaman menapa mawon. Batara Narada mbeta gaman Kunta Wijaya Dhanu ingkang badhe disukakaken dhateng Janaka(Arjuna) kedah motong puser Gatutkaca, hananging wonten ing margi di begal kalian dipun apusi dening Karno saking bantuanipun bapakipun (Batara Surya) Kunta Wijaya Dhanu saget dipun rebut dening Karno. Arjuno lajer nggacar Karno, ngantos dados rebutan pusaka. Karno angsal busur panahipun, Arjuna angsal warangkanipun. Warangka menika dipun ginakaken kangge motong tali puseripun Gatutkaca, anehipun warangka mlebet wonten ing puseripun Gatutkaca manunggal kalian raganipun, Dewa nitahaken manawi benjing ingkang saget merdaya Gatutkaca naming Karno, amargi Wijaya Dhanu badhe madosi warangkanipun ingkang wonten puseripun Gatutkaca.
Nalika menika wonten kahyangan wonten sawek kedadosan kekisruhan saking serangan Patih Sekipu kalian Ratunipun Kala Pracana. Gatutkaca ingkang tasih bayi dipundadosaken sawung dening Dewa. Bayi kasebut dipun lebetaken dhateng kawah Candra Dimuka. Medal saking kawah, Gatutkaca sampun ngagem busana wesi kalian raganipun dados kuat sanget.Sesamunipun dewasa piyambakipun dados Ratu wonten negarinipun Ibunipun inggih menika Pringgondani.
Nalika perang Baratayudha, Gatutkaca dados senapati. Mboten wonten satunggalipun prajurit Kurawa ingkang saget nandhingi kasektenipun Gatutkaca. Kurawa kocar-kacir , kathah prajurit ingkang tilar saking anteman Aji Narantaka, Braja Musti. Amargi Kurawa kawon, lajeng Karno dipunangkat dados senopati. Gatutkaca mangertos kalian inget parintah Batara Narada. Saben ajeng kalian Karno, Gatutkaca tansah ndelik wonten wingkingipun awang-awang, amargi Karno mboten saget mabur. Dhewekipun nglepasaken pusaka Kunta. Ananging panah menika mboten saget dugi. Sampekaten Sukma Kala Bendana (paklekipun  Gatutkaca ingkang sampun dipejahi/mboten dipun sengaja kalian Gatutkaca) mendhet panah menika lajeng dipun lajengaken kagem nguber Gatutkaca. Wusana pusaka Kunta mlebet ing warangka/puser Gatutkaca, sahingga putra Werkudara menika pejah dados pahlawan.

1 komentar:

  1. KAMI SEKELUARGA TAK LUPA MENGUCAPKAN PUJI SYUKUR KEPADA ALLAH S,W,T
    dan terima kasih banyak kepada AKI atas nomor yang AKI
    beri 4 angka [3363] alhamdulillah ternyata itu benar2 tembus .
    dan alhamdulillah sekarang saya bisa melunasi semua utan2 saya yang
    ada sama tetangga.dan juga BANK BRI dan bukan hanya itu KI. insya
    allah saya akan coba untuk membuka usaha sendiri demi mencukupi
    kebutuhan keluarga saya sehari-hari itu semua berkat bantuan AKI..
    sekali lagi makasih banyak ya AKI… bagi saudara yang suka PASANG NOMOR
    yang ingin merubah nasib seperti saya silahkan hubungi KI JAYA,,di no (((085-321-606-847)))
    insya allah anda bisa seperti saya…menang NOMOR 860 JUTA , wassalam.


    BalasHapus